MASJIDAN

Bulakwaru memiliki MC Tertua Di Dunia, simak selengkapnya !
Bisane wong pada ngarani masjidan?! Soale neng kono ana masjide,tepate kuwe mbang wetan dalan wetane umahe Ustad Idris salis. Nengkono ya perek karo pondokan Al Amin sing pengasuhe kuwe Kyai H. Khaerul Amin Fadil. Nggal dinane neng kono rame terus,ya nggon ora rame kepribe wong bocah pondok pating kemrayak nemen,sliwar seliwer ana sing pan ngaji,ana sing nggolet jajan neng yu diroh karo golet liane wis.

Sampean aja pada heran kapan neng kono weruh wong akeh sing pada sarungan nggal dinane, soale neng Desa Bulakwaru Blok Masjidan kono kuwe akeh kyaine,contone kyai H.Muarif,kyai H. Soleh terus kyai H. Khaerul amin karo kyai kyai liane,apa maning  ustad –usatade.mulane sing pada ngaji ya njuh pada mono ning majelis neng masjidan akeh kancane.

Ana tambahan mas agan dan mbak aganwati,  neng mesjidan kapan dina senen karo jum'at esuk ana hal sing mendunia tapi sampean ora pada nyadar owh ya,! tempate neng Ponpes Al Amin Bulakwaru, sing kyaine Dr. Drs. KH. Khoerul Amin Fadil, MSi kuwe ana pengajian sing MC ne TERTUA DIDUNIA,. kweh um Desa Bulakwaru Nduwe MC TERTUA DIDUNIA. kapan ora percaya sampean tinggal ngringokna kapan dina senen karo jum'at esuk sing masjid ya krungu,.. silahkan di ringokna Sedulur wong masjidan, Bulakwaru Wetan, Tarub, Tegal.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar